A. Teks Eksposisi
Teks Eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep bab sawijining objek, sabanjure pangreten pamaos bisa mundhak. Mula saka iku karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh pamrayogi (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud :
- Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, lan bisa dicritakake kanthi cetha.
- Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fakta.
- Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
- Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi daya mangsuli pitakon :
- Kepriye sawijine dumadi ?
- Objek utawa bab iki klebu tahap kang endi ?
- Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap tahap endi wae ?
- Eksposisi kudu ngemut perangan perangan kaya andharan iki.
- Mrelokake fakta kang diakuratke utawa dicethakake kang angka, peta statistik, grafik, gambar, lan sapiturute.
- Mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta.
- Nggoleki sumber ide saka : pengalaman, pengamatan, sikap, lan keyakinan.
B. Titikane Teks Eksposisi
- Ngandharake panemu utawa gagasan
- Nuduhake kahanan sanyatane
- Nggunakake analisis lan sintesis
- Sumber ide bisa saka pengalaman, sikap, utawa keyakinan.
C. Strukture Teks Ekposisi
- Tesis (pambuka) isine panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep diandharake.
- Argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wis diandharake ing perangan tesis.
- Panutup utawa panegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedasar bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi.
D. Nulis Teks Eksposisi
Urutan carane gawe teks eksposisi yaiku :
- Nemtokake undheraning perkara utawa tema.
- Nemtokake ancas utawa tujuan.
- Ngumpulake dhata saka maneka sumber.
- Gawe cengkorongan.
- Ngrembakake cengkorongan dadi teks eksposisi.
Tuladhane Teks Eksposisi :
Campursari
Siip
BalasHapus