A. Ngrembug Teks Iklan
Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho, bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayata TV lan Radhio.
Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis. Dene unsur unsure iklan ing antarane yaiku :
- jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
- pihak utawa pawongan kang masang,
- alamate sing masang,
- kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.
Basa teks iklan iku beda karo basa teks teks liyane. Titikane basa iklan yaiku :
- migunakake slogan,
- ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya,
- migunakake subjek wong kapisan.
Tuladhane Pawarta/ Teks Iklan
Mbutuhake buku Budaya Jawa....?
Toko Buku Prasaja
Nyedhiake maneka werna buku babagan budaya Jawa
Anyar lan lawa kabeh ana
Bukune pepak regane kacandhak
Alamat Kp. Jonegaran No. 248 Semarang
Buka jam 10.00-17.00 WIB
Dina minggu lan dina prei liyane tutup
Buku budaya jawa ya toko buku prasaja.
B. Nulis Teks Iklan
Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor yaiku :
- sing dituju kudu cetha,
- sing ngirim kudu cetha,
- barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
- narik kawigaten sing maca,
- nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,
- nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
- bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
- nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling eling.
C. Carane Nulis Iklan
- Temtokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa).
- Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
- Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.
D. Nyuguhake Teks Iklan
Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng, becike nggatekake babagan ing ngisor ki :
- Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
- Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
- Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA