Jumat, 17 Januari 2020

MATERI PAWARTA/TEKS IKLAN

        Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iklan kang kurang prayoga iku iklan kang kayane ngentheng ngenthengke sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu.

A. Ngrembug Teks Iklan 
   
     Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho, bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayata TV lan Radhio.
      Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis. Dene unsur unsure iklan ing antarane yaiku :

  1. jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
  2. pihak utawa pawongan kang masang,
  3. alamate sing masang,
  4. kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.
       Basa teks iklan iku beda karo basa teks teks liyane. Titikane basa iklan yaiku :
  1. migunakake slogan,
  2. ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya,
  3. migunakake subjek wong kapisan.
Tuladhane Pawarta/ Teks Iklan

Mbutuhake buku Budaya Jawa....?
Toko Buku Prasaja
Nyedhiake maneka werna buku babagan budaya Jawa
Anyar lan lawa kabeh ana
Bukune pepak regane kacandhak
Alamat Kp. Jonegaran No. 248 Semarang
Buka jam 10.00-17.00 WIB
Dina minggu lan dina prei liyane tutup
Buku budaya jawa ya toko buku prasaja.


B. Nulis Teks Iklan

     Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor yaiku :
  1. sing dituju kudu cetha,
  2. sing ngirim kudu cetha,
  3. barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
  4. narik kawigaten sing maca,
  5. nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,
  6. nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
  7. bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
  8. nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling eling.

C. Carane Nulis Iklan
  1. Temtokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa).
  2. Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
  3. Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.

D. Nyuguhake Teks Iklan

     Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng, becike nggatekake babagan ing ngisor ki :
  1. Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
  2. Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
  3. Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Minggu, 12 Januari 2020

MATERI TEKS SESORAH

A. Pangertene Sesorah
      
        Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya liyane. Sanajan tegese padha, tembung tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah ungguhe.


B. Perangan lan Tuladhane Teks Sesorah


Sesorah Halalbihalal [1]

Assalamu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, [2]

Bapak bapak, Ibu ibu, kaum muslimin muslimat ingkang satuhu kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin. [3]

Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]

Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaliyan acara "Apura Ingapura" utawi "Halalbihalal" warsa 1437 H menika. [5]

Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker, umat Islam saindenging Nuswantara samya nindakaken shalat ied. [6]

Ing wekdal ingkang sae menika mugi mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]

Maketan lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]

Wa assalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuhu. [9]


        Saka tuladha ringkes teks sesorah ing nduwur iku, bisa ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku :
  1. Irah irahan
  2. Salam pambuka
  3. Pakurmatan
  4. Purwaka basa utawa pambuka
  5. Wos utawa isine sesorah
  6. Andharan wose sesorah (yen perlu)
  7. Pangarep arep (pangajab)
  8. Wasana basa utawa panutup
  9. Salam panutup.


C. Tujuan Sesorah
  • Kanggo menehi pengerten utawa kawruh.
  • Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liyo.
  • Aweh panglipur.
  • Mbujuk supaya melu apa kang diandharake pamicara.


D. Metode Sesorah
  1. Metode naskah, yaiku metode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung.
  2. Metode apalan, yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora kanggo diwaca ananging diapalke.
  3. Metode dadakan, yaiku metode kang ditindakake ndadak tanpa nggawe naskah ndhisik.
  4. Metode ekstemporan, yaiku sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab bab sing dianggep penting kanggo sesorah.

E. Kang perlu digatekake nalika maca Sesorah
  1. Basa kang digunakake kudu cocog/laras karo apa sing diadhepi.
  2. Busana : menawa sesorah prayogaen migunakake busana kang beciklan sopan.
  3. Swara : wiramaning swara sing kapenak dirungu, ora kebanteren lan ora kelonen.
  4. Solah bawa/tindak tanduk bawane wong sesorah kudu manteb, lan teteg, madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja ndingkluk lan aja ndangak.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
https://www.synaoo.com/sesorah-pidato-basa-jawa-materi-bahasa/



Sabtu, 11 Januari 2020

MATERI GEGURITAN

       Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung tembung kang dipilih, lan suarane kabeh  merdika utawa bebas. Gumantungnet atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa biasa wae.



A. Titikane Geguritan

  1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
  2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
  3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
  4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.


B. Unsur Unsur Geguritan
  • Unsur Instrinsik
  1. Tema/Liding Cerita : gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit.
  2. Pamiling tembung/Diksi : pilihan tembung kang trep/mathuk kanggo geguritan.
  3. Lelewaning basa/Gaya Bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembung tembung kang dironce kanthi endah saenggo ngasilake ukara kang ngandhut lelewaning basa.
  • Unsur Ekstrinsik
  1. Biografi : latar belakang/riwayat uripe penulis.
  2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat istiadat, budaya, lan sapanunggale.
  3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika geguritan ditulis.


C. Nulis Geguritan
  1. Nemtokake tema.
  2. Milih tembung kang becik.
  3. Cacahaning gatra (baris) ringkes lan mantes.
  4. Migunakake tembung kang andhahan. 
  5. Migunakake basa kang endah.
  6. Pamilihing aksara swara kang trep saengga wirama endah. 


D. Nanggepi Isi Geguritan
  1. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan baleni.
  2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
  3. Golekana tegese tembung tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
  4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
  5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.


E. Sing Kudu Digatekake Nalika Maca Geguritan.
  1. Wicara/Kualitas vokal yaiku ala becike aksara suwara/ dhang dhinge basa, pocapan/lafal.
  2. Wirama/Tata Cara/Etika maca geguritan yaiku lagu/iramane, maca geguritan bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine geguritan.
  3. Wirasa/Greged/Penjiwaan tegese isi geguritan, cocok/penere anggone negesi geguritan.
  4. Wiraga/Ekspresi/Mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa.

Tuladhane Geguritan :

  Apa Bedane
  dening Sudi Yatmono 

 Apa bedane prosa karo puisi
 bedane ana ati

 apa bedane ati karo gori
 bedane mung prakara bumbune
 bedane apa bumune karo sing dibumboni
 bedane rak mung ana ing wadhah

 apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
 kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

 lha apa bedane manungsa karo kewan
 ah iku urusane Pangeran 
 (Mbangun Tuwuh, angka 138)




Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

MATERI CRITA RAKYAT

A. Pangerten Crita Rakyat 
     
      Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai nilai, antarane yaiku nilai nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan nilai nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyrakate.



B. Titikane Crita Rakyat 

  1. Panyebarane kanthi lesan.
  2. Duweni sipat tradhisional.
  3. Sugih cakrik lan variasi.
  4. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit).
  5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara panugkapane.


C. Mupangate Crita Rakyat
  1. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
  2. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
  3. Mupangat estetis yaiku menehi nilai nilai kaendahan.
  4. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
  5. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.


D. Unsur Crita Rakyat
      
      Crita rakyat nduweni unsur unsur instrinsik, kayata :
  1. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
  2. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya.
  3. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapanunggalane.
  4. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
  5. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
  6. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggalane. Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.


E. Wujude Crita Rakyat 
  1. Mitos yaiku crita kang dianggep bener bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggalane.
  2. Legendha yaiku crita kang dianggep bener bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggalane. Tuldhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggalane.
  3. Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggalane.


F. Sinopsis

     Sinopsis yaiku ringkesan saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab bab kang kudu digatekake yaiku :
  1. Tema : gagasan pokok, pokok crita.
  2. Latar : papan lan wektu dumadine prastawa.
  3. Alur : lakuning crita.
  4. Penokohan : paraga crita.
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Jumat, 10 Januari 2020

MATERI TEKS EKSPOSISI

A. Teks Eksposisi

      Teks Eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep bab sawijining objek, sabanjure pangreten pamaos bisa mundhak. Mula saka iku karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh pamrayogi (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud :
  1.  Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, lan bisa dicritakake kanthi cetha.
  2. Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fakta.
  3. Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.   
  • Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi daya mangsuli pitakon :
            - Kepriye sawijine pakaryan?
            - Kepriye sawijine dumadi ?
            - Objek utawa bab iki klebu tahap kang                    endi ?
            - Objek utawa garapan iki dumadi saka                     tahap tahap endi wae ?
  • Eksposisi kudu ngemut perangan perangan kaya andharan iki. 
            - Jlentrehake panemu, gagasan lan                             keyakinan
            - Mrelokake fakta kang diakuratke utawa                 dicethakake kang angka, peta statistik,                    grafik,        gambar, lan sapiturute.
            - Mrelokake analisis lan sintesisi nalika                    ngonceki bahan lan fakta.
            - Nggoleki sumber ide saka : pengalaman,                pengamatan, sikap, lan keyakinan.

B. Titikane Teks Eksposisi
  1. Ngandharake panemu utawa gagasan
  2. Nuduhake kahanan sanyatane
  3. Nggunakake analisis lan sintesis
  4. Sumber ide bisa saka pengalaman, sikap, utawa keyakinan.
C. Strukture Teks Ekposisi
  1. Tesis (pambuka) isine panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep diandharake.
  2. Argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wis diandharake ing perangan tesis.
  3. Panutup utawa panegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedasar bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi. 
D. Nulis Teks Eksposisi

    Urutan carane gawe teks eksposisi yaiku :
  1. Nemtokake undheraning perkara utawa tema.
  2. Nemtokake ancas utawa tujuan.
  3. Ngumpulake dhata saka maneka sumber.
  4. Gawe cengkorongan.
  5. Ngrembakake cengkorongan dadi teks eksposisi. 
Tuladhane Teks Eksposisi : 
Campursari

     Salah siji musik sing digandrungi masyarakat Jawa yaiku musik campursari. Campursari yaiku lagu Jawa kang isine ngemot pirang-pirang aspek seni. Campursari uga diarani salah siji jinis tembang Jawa kang diiringi gamelan Jawa lan piranti musik modern. Lelagon kang biasane dienggo campursarinan contone macapat, sekar gendhing, langgam, lagu dolanan, lan sakpiturite. Campursari dadi salah siji warisan budaya ingkang kedah dijaga. Sayange, campursari namung digandrungi tiyang sepuh lan kurang disenengi generasi muda saiki.
     Campursari ana ing budaya Jawa kerap dadi musik kang dirungoake nalika hajatan mantenan, sunatan, uga tasyakuran. Ora jarang, campursari uga dienggo ana ing pagelaran wayang kulit, wayang wong, guyonan ing kethoprak, lan sakliyane. Pemain kang nglagokake campursari diarani swarawati utawa wiraswara. Anggone nglagoake campursari kudu ngetutake suarane gendhing.
Kersane musik campursari ora ilang digerus zaman, maka uwis dadi kewajiban kita sedaya kanggo nglestariake musik tradisional kuwi. Ora kudu iso nglagoake, kenal lan weruh apa iku campursari wis cukup kanggo nglestariake.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA,  http://materibahasajawasmamakanza.blogspot.com